Home / KINANTHI / Dipahami Apa Dijaraké

Dipahami Apa Dijaraké

Dening: Kakung

KOMUNIKASI iku sesambungan ing antarané wong loro utawa luwih, kang siji lan sijiné bisa mahami apa kang diomongaké utawa ditulis lan dikirimaké. Komunikasi iku penting banget, mliginé ing sajroning kluwarga. Ananging, kasunyatané angèl banget ditindakaké. Ora sithik komunikasi kang ora becik. Karepé supaya padha-padha mahami, nanging dadiné

Padha-padha nyalahpahami.

Contoné waé komunikasi ing sajroning kluwarga kang isih komplit. Ana wong tuwané, anaké, putuné, lan mbahé (éyangé). Wong tuwané (bapa lan ibu) kersané supaya dirungokaké, digatèkaké, lan dièstokaké pituturé. Nanging, anaké bosen ngrungokaké pitutur kang dibolan-balèni déning wong tuwané lan mbahé. Kepénginé dipahami, dingretèni déning wong tuwané lan mbahé. Mbahé ngugemi pitutur luhur lan adiluhung : budipekerti, sopan santun, unggah-ungguh, lan tata krama. Kersané supaya pitutur luhur saka leluhur mau dilestarèkaké, diterusaké marang anak-putu, supaya minangka wong Jawa, apa manèh minangka wong pracaya, bisa ngajèni utawa ngurmati wong liya, utamané marang kang luwih tuwa.

Kita bisa mbayangaké yèn ing kluwarga komunikasiné ora becik. Ing gréja, ing pasamuwan kang dumadi saka manéka warna wewatekan lan kabudayan, banjur kepriyé? Méndahnéa kisruhé, jalaran pepénginané béda-béda. Komunikasi antargenerasi kisruhé saya ndadi. Ora mung antarpribadi, nanging antarkluwarga, antarklompok, antargolongan kang tabrakan pépinginan. Kaanan pasamuwan kang kisruh mesthi waé dadi rapuh, gampang dredah, crah, lan bisa agawé bubrah.

Kanggo ngawékani (mengantisipasi) dumadiné kaanan ing sajroning kluwarga lan ing gréja kang mrihantinaké mau, kita prelu bali marang Kitab Suci kang minangka Sabdatama, kang wiwit sakawit paring piwulang, piweling, lan pepéling utama. Mirunggan bab komunikasi kang adhedasar katresnan jati. Contoné : “Hé, bocah-bocah, manut mituruta marang wong tuwamu ana ing patunggilané Gusti, mangkono iku kang bener. Sira ngajènana bapa-biyungira -iki pepakon kang wigati, kaya kang kacetha ing prasetya iki- supaya sira slamet lan dawa umurira ana ing donya. Lan kowé para bapa, aja padha gawé seriking atiné anak-anakmu, nanging gulawenthahen ing bab piwulang lan pepéling kang saka ing Gusti.” (Efesus 6:1-4). “Hé, bocah-bocah padha manut-mituruta marang wong tuwamu ing sadhéngah prakara, sabab iku ndadèkaké keparengé Gusti. Hé, para bapa aja nglarakaké atiné anakmu, supaya aja nganti semplah.” (Kolose 3:20-21).

 Prelu kita gatèkaké yen tinulis “bocah-bocah” iku ya “anak lan putu”, “wong tuwamu” iku ya “bapa, biyung (ibu)” lan “éyangmu kakung-putri”, “bapa” iku ya “karo biyung (ibu)”, lan “sadhéngah prakara” iku ya klebu “sopan-santun: budi pekerti: unggah-ungguh lan tata krama.” Aja nganti kita lali gulawenthahen” iku tegesé dhidhiken (didiklah), gladhinen (latihlah; biasakanlah). Mangkono uga aja ora kélingan yèn unggah-ungguh lan tata krama iku pérangan saka karakter Sang Kristus, yaitu katresnan, andhap-asor (rendah hati), lan alusing bebudèn (kelemahlembutan).

Mulané, para pamaos sutresna, ayo padha ngayahi tugas kita telung prakara: nuladhani, mituturi, lan ndongakaké supaya komunikasi antargenerasi ing sajroning kluwarga, kang tumus marang gréja bisa kalakon kanthi becik. Aja nganti kita klèru tampa. Anak-putu kita generasi mudha, kang kepéngin dipahami iku ora ateges kepéngin dijaraké. Awit yèn mangkono iku dadiné jar-jaran. Basa modern-é pembiaran. Kosok baliné, generasi mudha uga aja salah tampa, yèn wong tuwamu, lan éyangmu mituturi bola-bali, iku amarga mirsani putra-wayahé durung nggapé, durung maèlu, durung ngatèkaké, apa manèh ngèstokaké. Aja banjur kemba apa manèh bosen ngrungokaké. Pracayaa, yèn wong tuwa iku nresnani para putrané. Ora téga lan ora lila yèn ing tembé bakal nemu cilaka. Generasi mudha prelu berpikir positif yèn wong tuwa iku ora meksa marang anak-putuné supaya bali menyang jaman kuna, jaman feodhal. Ananging marga kadereng mujudaké rasa tresna marang generasi panerusé. Mangkono uga wong tuwa aja salah tampa, yèn generasi mudha kepéngin dipahami iku ora ateges kepéngin dijaraké. Mugi Gusti Kang Murbèng Dumadi lan tansah nresnani, karsa mitulungi lan nyembadani panyuwun kita sarta njembatani komunikasi antargenerasi ing kluwarga lan ing pasamuwan kita.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *